Reog Burisrawa Gandrung

Reog adalah salah satu kesenian budaya yang berasal dari Jawa Timur bagian barat-laut dan Ponorogo dianggap sebagai kota asal Reog yang sebenarnya. Gerbang kota Ponorogo dihiasi oleh sosok warok dan gemblak, dua sosok yang ikut tampil pada saat reog dipertunjukkan. Reog adalah salah satu budaya daerah di Indonesia yang masih sangat kental dengan hal-hal yang berbau mistik dan ilmu kebatinan yang kuat.

Jika di Jawa Timur terdapat Reog, di Jogja pun tak kalah karena Jogja memiliki kesenian yang hampir mirip dengan Reog Ponorogo , tetapi tidak dihiasi dengan warok ataupun gemblak dan tidak terlalu berbau mistik. Sebuah pementasan tradisional yang biasanya mengambil tema dari cerita pewayangan.

Sekedar info bagi yang ingin  mengenal lebih dalam bentuk tariannya bisa disaksikan besok hari Minggu, tanggal 07 Oktober 2012 jam 09.00 WIB didaerah pasar Imogiri lawas barat Makam Raja-raja dan Makam Seniman, yang dipertunjukan oleh Rombongan Sekar Muda Budaya dengan 50 orang penari. Sekilas tentang Rombongan Sekar Muda Budaya, rombongan ini berasal dari Dusun Bunder 2, Banaran, Galur, Kulon Progo. Pertunjukkan ini  mengangkat cerita “Burisrawa Gandrung”.

Ringkasan cerita tentang Burisrawa Gandrung dapat Anda baca dibawah ini.

“BURISRAWA GANDRUNG”
 RINGKASAN CERITA

Jumbuh klawan wujudé sing setengah yaksa kanthi rambut gimbal diudhal-udhal, Burisrawa seneng nguja kesenengané, golèk menangé dhéwé, dhemen gawé gendra. Nanging bawané anak ratu apa manèh kecaket karo Prabu Baladéwa lan adipati Karna, ora ana wong sing wani nyaruwé marang kabèh tumindaké Burisrawa.
Burisrawa kayungyun banget marang Dèwi Wara Sumbadra wiwit nalika Wara Sumbadra isih kenya nganti tumekané dadi garwané Arjuna lan malah kepara wis peputra Abimanyu barang, gandrungé Burisrawa marang Sang Dèwi ora tau mendha. Burisrawa iya banget sengit nginggit-inggit marang Setyaki, amarga nalika nglamar Dèwi Wara Sembadra ing Dwarawati, Burisrawa tau diajar Setyaki ing alun-alun nganti lémpé-lémpé, kamangka Burisrawa wis nyandhang cara temantén. Ya wiwit iku Burisrawa sengit kepati klawan Setyaki.
Ing lakon Sembadra Larung, Burisrawa dicritakaké minta sraya marang Bathari Durga ing pasétran Gandamayin iya Dhandangmangoré supaya bisa sapatemon karo Sumbadra. Bathari Durga ngendikani, yèn Burisrawa bisa sapatemon karo Sumbadra, nanging ora bisa gepokan salira.
Nalika semana Arjuna pinuju grogol (mbebedhag kidang ing alas Winangsraya. Kanthi ancas nedya pepasihan (cumbana) karo Sumbadra, Burisrawa njujug taman Maduganda, taman keputrén ing kasatriyan Madukara. Kanthi tetembungan manis manuhara, Burisrawa njaluk usadaning lara asmara marang Sumbadra. Amarga Sang Dèwi ora kersa nglanggati, Burisrawa banjur ngunus kerisé. Dewi Sumbadra diagar-agari keris, nanging tetep puguh ora gelem nuruti kekarepané Burisrawa. Kerisé sing diagar-agaraké iku malah banjur ditubruk wani déning Dèwi Sumbadra saéngga sirna margalayu. Burisrawa kamitenggengen. Jroné ora mobah lan ora mosik, ana aloké emban kang tumeka papan kono. Burisrawa gagé mlayu nggendring ninggalaké taman, mlebu ing tengah alas.
Kasatriyan Madukara dadi gègèr sawisé para emban nyumurupi kunarpan Dèwi Sumbadra. Saka pamrayogané Prabu Kresna, Dèwi Sumbadra banjur dilarung ana Bengawan Gangga (Swilugangga), kanthi rineksa Gathotkaca saka gegana. Wusanané layoné Sumbadra diuripaké  Antareja kang jumedhul saka Saptapratala nedya ngupadi sudhermané. Gathotkaca ngira yèn Antareja kuwi kang njalari patiné Dèwi Wara sumbadra. Tanpa ditakoni terus ditimblis saka dirgantara. Dadi perang ramé. Leloroné padha digdayané. Sabanjuré leloroné dipisah déning Wara Sumbadra. Sang Dèwi banjur nyritakaké lelakoné kang sanyatané. Ya merga lelakon iki, Antareja banjur bisa kepanggih marang ramané, yaiku Raden Bratasena iya Werkudara.

Sumber cerita : http://jv.wikipedia.org/wiki/Burisrawa

posted under |

1 comments:

Unknown said...

Artikelnya sangat membantu.
Saya ada masukan nih, blognya terlalu berat mbak, tulisan yg mengelilingi kursor juga lebay, menganggu pembacaan
Tapi terima kasih artikelnya

Post a Comment

Newer Post Older Post Home

About

Powered by Blogger.

About Me

Calender

Temperatur

PIN

Cuteki free cards

Sport

Google Custom

Translate

Flag Counter Visitor

Flag Counter

Recent Comments