Reog Burisrawa Gandrung
undefined
undefined
Reog
adalah salah satu kesenian budaya yang berasal dari Jawa Timur bagian
barat-laut dan Ponorogo dianggap sebagai kota asal Reog yang sebenarnya.
Gerbang kota Ponorogo dihiasi oleh sosok warok dan gemblak, dua sosok yang ikut
tampil pada saat reog dipertunjukkan. Reog adalah salah satu budaya daerah di
Indonesia yang masih sangat kental dengan hal-hal yang berbau mistik dan ilmu
kebatinan yang kuat.
Jika di Jawa Timur terdapat Reog, di Jogja pun tak kalah karena Jogja memiliki kesenian yang hampir mirip dengan Reog Ponorogo , tetapi tidak dihiasi dengan warok ataupun gemblak dan tidak terlalu berbau mistik. Sebuah pementasan tradisional yang biasanya mengambil tema dari cerita pewayangan.
Sekedar info bagi yang
ingin mengenal lebih dalam bentuk
tariannya bisa disaksikan besok hari Minggu, tanggal 07 Oktober 2012 jam 09.00
WIB didaerah pasar Imogiri lawas barat Makam Raja-raja dan Makam Seniman, yang
dipertunjukan oleh Rombongan Sekar Muda Budaya dengan 50 orang penari. Sekilas
tentang Rombongan Sekar Muda Budaya, rombongan ini berasal dari Dusun Bunder 2,
Banaran, Galur, Kulon Progo. Pertunjukkan ini mengangkat cerita “Burisrawa Gandrung”.
Ringkasan cerita tentang Burisrawa Gandrung dapat Anda baca dibawah ini.
“BURISRAWA GANDRUNG”
RINGKASAN CERITA
Jumbuh klawan wujudé sing setengah yaksa kanthi
rambut gimbal diudhal-udhal, Burisrawa seneng nguja kesenengané, golèk menangé
dhéwé, dhemen gawé gendra. Nanging bawané anak ratu apa manèh kecaket karo
Prabu Baladéwa lan adipati Karna, ora ana wong sing wani nyaruwé marang kabèh
tumindaké Burisrawa.
Burisrawa kayungyun banget marang Dèwi Wara
Sumbadra wiwit nalika Wara Sumbadra isih kenya nganti tumekané dadi garwané
Arjuna lan malah kepara wis peputra Abimanyu barang, gandrungé Burisrawa marang
Sang Dèwi ora tau mendha. Burisrawa iya banget sengit nginggit-inggit marang Setyaki,
amarga nalika nglamar Dèwi Wara Sembadra ing Dwarawati, Burisrawa tau diajar
Setyaki ing alun-alun nganti lémpé-lémpé, kamangka Burisrawa wis nyandhang cara
temantén. Ya wiwit iku Burisrawa sengit kepati klawan Setyaki.
Ing lakon Sembadra Larung, Burisrawa dicritakaké
minta sraya marang Bathari Durga ing pasétran Gandamayin iya Dhandangmangoré
supaya bisa sapatemon karo Sumbadra. Bathari Durga ngendikani, yèn Burisrawa
bisa sapatemon karo Sumbadra, nanging ora bisa gepokan salira.
Nalika semana Arjuna pinuju grogol (mbebedhag
kidang ing alas Winangsraya. Kanthi ancas nedya pepasihan (cumbana) karo
Sumbadra, Burisrawa njujug taman Maduganda, taman keputrén ing kasatriyan Madukara.
Kanthi tetembungan manis manuhara, Burisrawa njaluk usadaning lara asmara
marang Sumbadra. Amarga Sang Dèwi ora kersa nglanggati, Burisrawa banjur ngunus
kerisé. Dewi Sumbadra diagar-agari keris, nanging tetep puguh ora gelem nuruti
kekarepané Burisrawa. Kerisé sing diagar-agaraké iku malah banjur ditubruk wani
déning Dèwi Sumbadra saéngga sirna margalayu. Burisrawa kamitenggengen. Jroné
ora mobah lan ora mosik, ana aloké emban kang tumeka papan kono. Burisrawa gagé
mlayu nggendring ninggalaké taman, mlebu ing tengah alas.
Kasatriyan Madukara dadi gègèr sawisé para emban
nyumurupi kunarpan Dèwi Sumbadra. Saka pamrayogané Prabu Kresna, Dèwi Sumbadra
banjur dilarung ana Bengawan Gangga (Swilugangga), kanthi rineksa Gathotkaca
saka gegana. Wusanané layoné Sumbadra diuripaké Antareja kang jumedhul saka Saptapratala nedya
ngupadi sudhermané. Gathotkaca ngira yèn Antareja kuwi kang njalari patiné Dèwi
Wara sumbadra. Tanpa ditakoni terus ditimblis saka dirgantara. Dadi perang
ramé. Leloroné padha digdayané. Sabanjuré leloroné dipisah déning Wara
Sumbadra. Sang Dèwi banjur nyritakaké lelakoné kang sanyatané. Ya merga lelakon
iki, Antareja banjur bisa kepanggih marang ramané, yaiku Raden Bratasena iya
Werkudara.
Sumber cerita : http://jv.wikipedia.org/wiki/Burisrawa
Recent Comments